Thursday 3 November 2011

Lila, ora lila ya kudu dak lakoni.....

-->
Wis kaya disuduk keris gandring dada iki, krasa jero lara kang daksandang. Ora bisa anggenku ngluputake apa kang ditumindakake marang aku lan anakku kang isih selapan taun iki. lanangan kaya ngene kok biyen aku gelem nyandang tresnane ya Gusti, Gelo aku! pancen iki wis dadi piliane atiku. kudu dak lakoni.
Lila, ora lila ya kudu dak lakoni.....
****
            Aku lastri, Guru lan panulis lulusan Universitas Negeri Jakarta – Pendidikan Ilmu Pengetahuan Sosial. Rikala jaman isih kuliah kae aku kagolong wadon kang ora merhatekake penampilan kayata wadonan liyane, dandan, makeup lan uga rasukan style uptodate kaanggo ana slira-slirane. Kaya ngono kui wis ora ana ing pikiranku, ora migunani! saben dina sakbibare jam kuliah aku langsung nyandak gawe ana ing LSM kang ngurusi prakara korupsi. Korupsi kang gawe rakyat sangsara. Adji Pangestu, Priya paling ganteng se-Fakultas Ilmu Pendidikan UNJ. dheweke yaiku Priya misuwur lan uga kalebu lanangan paling TOP ing Almamaterku kae, sapa wae ora bakal nolak yen didadekake pacare. Sanajan cap Playboy cemepak ana ing mburine. Wewadonan  krasa beja yen iso lumaku bareng dheweke, ya pantes wae! Misuwur, ganteng lan uga katon WOW dhewe ana ing slirane. Priya iki kang dadi bapak saka anakku.
            Aku uga salahsijine wadon kang kasengsem marang Adji, awakku ketemu dheweke kapisanan wayah ana ing Organisasi kampus ‘Gerakan Mahasiswa anti Korupsi’. rikala semana dheweke kang dadi petua orator demo ing bunderan HI, biyen sakmangertenku, Adji kui Priya gagah lan uga cerdas pamikirane. ora kaya kanca-kancaku liyane, gayane kayata executif anom. Gede duwur lan mesti nggango rasukan kang nggugah mripat iki nglirik jembar.
            Dina-dina lumaku, dakkira sakwise demo kae awakku bakal ora nyandang ngerti priya gagah kang ngrasuk ana pikirku. nyatane, aku malah asring ketemu dheweke. Adji mlebu Lembaga kang dadi panggonan gaweyanku. makdek atiku, kapisan ngerti dheweke se-Kantor karo aku. Nang kantor cilik, mburi swalayan iki. ing kana uga aku ngerteni pribadi dheweke, pancen supel priya iki, rasa kagumku sansaya suwe dadi tresna.
            Semangatku gawe dadi gedhe, tresna iki terus-terus njubel pengen metu menjaba. supaya dhewweke isa ngerteni karepe ati.
kui kabeh biyen!
****
Saiki ana ing pulau kang adoh saka karamean iki anggene aku ngajar, ing Papua. Ora bisa tak critakake apa kang ana iki, kahanan malih 180◦ sakbibare aku duweanak loro kembar Dian lan Dani. Urip kae tak rasa kepenak, ayem tentrem. Saiki kaya diwalik marang Gusti. Kahanan iki uga kang ndadekake aku minggat ana ing pulau pol wetan Indonesia, Mangkel atiku. Mangerteni apa kang wus dilakoni bojoku! Apa ta kurange aku iki, apa aku kurang ayu? Kurang perhaten marang dhewekke? iyo? Apa ngono! Pancen wong lanang, yen wis duwe luwih sakabehe, rumangsa sangguh nyukupi kabutuhan omah-omah. Iso sapenake wae mlaku ngalor ngidul. Aku iki bojomu mas, Kae ilenga anggenmu karonta-ronta jaman durung sukses awakmu mas. Mung awakku kang ana ing sisihmu, ora ana wong liya! Apa awakmu lali marang kui kabeh mas. Ning apa saiki kalakuanmu marang aku lan anak-anakmu.
            Lara atiku! Bojo kawin maneh karo wadonan liya sing ora luwih becik lan ala. ananging geneya bojoku gelem karo slirane. apa ta luwihe dheweke tinimbang aku. wadonan kang gaweyane mung ngujuk-ujuki bojone wong! Mas aku karo anak-anakmu butuh panutan kang bisa dadi imam. Anggap aku mas!
            Mangerteni kalakuan alane, rasa tresna iki ilang mabur ucul saka panggoanane, gelo atiku. priya kang dakgadang dadi bapak kang becik kanggo anak-anakku wis dadi tuladha kang ala marang putraku. wis ora tau balik omah, gaweyane kaya maling. ning omah mung jupuk klambi banjur balik maneh mbuh ana ngendi parakke. ora mung kui, dheweke wis ora tau aweh duwit kanggo nyukupi kabutuhan kaluwarga. tegel tenan sliranmu mas.
            Kui kabeh dadekake mantepe atiku, Lunga..................................
Lunga ninggalake apa wae kang ana ing uripku iki. Aku pengen minggir saka apa wae kang gawe larane atiku iki, rasane cukup atiku kacubles-cubles dom jahit. aku ora kuwat nandang perih iki.
            daktekati daftar CPNS kang dilaksanakake dening pemprov, arep-arep ana sajroning ati iki aku bisa lunga adoh saka kauripan kang sumpek sesek iki. aku milih dadi Guru ana ing Papua. pancen adoh lumaku ana kana, adoh uga saka putra-putraku kang dadi semangat gaweku, ning piye maneh. aku kudu nyambut gawe golek duwit kanggo ngopeni putra-putraku. CPNS tiba ing dina pangumumane, seret anggene atiku ambegan. deg, jenengku kaserat ana ing kertas papan pengumuman ngarep kantor bupati kotaku. Mantep atiku, madhep manggarep! anakku daktitipake ana ing omahe wong tuaku, abot banget ninggalake, ning piye maneh, nang dian doni ibumu lunga..

Saturday 5 March 2011

its my first post

Assalamu'alaikum,

Wah bingung ne posting pertama mau ngapain, mau introduce my self... haha.. boleh juga tu ide, tapi permulaan ini aku ingin menulis otobiogrtafi dulu dech, mungkin ini blog bakal saya gunakan selalu, Erik Dwi Kiswanto adalah anak kedua dan terakhir... haahaa....(bontot) jadi dia sering dikasih perhatian lebih tu dari ortunya, jadi keinget dulu waktu masih duduk dibangku SMP gag dibolehin mak nyak naek motor...haduh...keluar mesti pakai sepeda ontell (ini gag boleh minta uang bensin apa bener perhatian yach,,,) hhaa gag jelas, padahal dulu dah lumayan bisa naek motor, nyuri-nyuri latian di lapangan sepakbola negeri sebelah, yach berkat itu semua akhirnya bisa juga dech lancar naek sepeda motornya, oiya.. tapi semuanya itu jaman dulu sekarang udah gede.. :D yang mau koneksi sama saya bisa lewat facebook "erik deka"