Sunday 5 May 2013

Dumadine Kutha Lasem, Rembang (Sunan Bonang)

Tlatah iki dak jenenge BONANG, dumadi saka huruf ngarep jenenge kene.
B : Biang Song
O : Oman Maliki
N : Nawawi
A : Awaning
N : Nawas
G : Guntur
Iya, kuwi kang kocap saka Raden Makhdum Ibrahim (Sunan Bonang) sanalika dheweke lan rombongan ngidakake tanah ing bumi Jawa (Lasem–Rembang).
       Raden Makhum Ibrahim kuwi putrane Sunan Ampel kaliyan Nyai ageng Manila. Rikala cilik Raden Makhum Ibrahim kagolong bocah kang tlaten lan mangerteni marang agama. Kauripane uga ora kakurangan apa wae. Ora akeh crita kang nyritakake kahanane Sunan Bonang nalika isih cilik
       “Le, besok yen wis gedhe kudu bisa ngajarke kabecikan lan Islam” piwelinge Sunan Ampel marang anakke. Udakara umur 18 tahun, Raden Makhum Ibrahim lunga saka omah kanggo nyinauni babagan ajaran Islam kanthi njlimet. Dheweke lunga menyang Tar-Tar, Mongolia (Cina bagian kulon). Anggone nyinauni ajaran Islam ana kana tansah pratithis amarga kelingan karo piweleng Bapakke mau. “Aja nganthi aku ngajarake kesesatan marang liyan” gunemane ana bathin. Seprene suwi anggone ninggalake tlatah Jawa, Raden Makhum Ibrahim ora mangerteni kepriye kahanan kang ana ing tanah Jawa. Nganthi ana wong kang nyebarake ajaran sakliyane Islam ing tanah Jawa yaiku Dampo Awang.
       Dampo Awang, pimpinan Armada Laut saka Cina nduweni kekarepan ngajarke ajarane yaiku Kon Fu Chu. Dampo Awang lunga ana ing tanah Jawa lan mandhekake kapale ana ing Kragan (salahsijine Kecamatan ing Rembang). Anggone nyebarkae ajaran mau lumampah kaya dene miline banyu kali ana segara. Amarga ora ana prakara sing gawe anggel, ora let suwe Dampo Awang duweni abdi utawa pengikut kanthi akeh.
       Ora krasa anggone wis rolas tahun Raden Makhum Ibrahim ngangsu kawruh ngenani Islam ing tlatah Cina. Ana ing Tar-Tar Raden Makhum Ibrahim nduweni jeneng liya yaiku Nam Biang Song utawa Chimb. Sekirane cukup, Sunan Ampel banjur nusul putrane mau ana ing Mongolia lan ngajak balik ana tanah Jawa. Sunan Ampel ora langsung ngajak putrane balik ana ing Tuban (papan kaluwargane Sunan Bonang) ananging Sunan Bonang diutus ngajarake utawa gladi ngajarake agama Islam ana ing Makassar (Pulau Sulawesi). “Ing tanah Jawa kuwi luwih anggel anggone ngajarake Islam, anakku. Mula sadurunge menyang tanah Jawa, awakmu dladi disik ana ing Pulau seberang Kana” utuse Sunan Ampel marang Raden Makhum Ibrahim. Raden Makhum Ibrahim nurut marang apa kang kocap dening Bapakke.
       Raden Makhum Ibrahim miwiti ngajarke ajaran Islam kang wis ditrima saka Tar-Tar ana ing tanah Makassar. Dheweke uga ngadekake pesantren ana kana. Akeh uga masarakat kang dadi kenal marang agama Islam, sadurunge masarakat ana kana durung mangerteni agama Islam. Udakara telung tahun Raden Makhum Ibrahim ngajarake Islam ana Makassar banjur dheweke balik menyang tanah Jawa. Saka Makassar Raden Makhum Ibrahim dikancani lima pengikute yakuwi Oman Maliki, Nawawi, Awaning, Nawas, lan Guntur.
       Dampo Awang mangerteni bakal ana wong kang bakal ngajarake Islam ana ing tanah Jawa, dheweke was-was ngenteni tekane wong mau. Dampo Awang ora pengen apa kang diajarake dheweke saksuwene iku sirna amarga teka wong kang bakal ngajarake Islam. 
       Raden Makhum Ibrahim lan rombongan menyang ana tanah Jawa kanthi Kapal. Sabenere dheweke lan rombong duwene kekarepan balik ana Tuban, ananging kasunyatan nemtuake beda, dheweke lan rombong napakake sikil ana ing Lasem (Salahsijine kecamatan ing Kabupaten Rembang). Ing papan iki uga Dampo Awang ngadek dadi panguwasa kanthi ajaran Kon Fu Chu. Satibane Raden Makhum Ibrahim lan rombongan ana ing Lasem, dheweke Kaget. Mangerteni masarakat ana kana pada sesembahan marang patung Cina sing digawa dening Dampo Awang.
       Raden Makhum Ibrahim lan rombongan ketemu karo Dampo Awang lan pada wawan rembug. “Sapa kowe, lan ana prelu apa mrene?” pitakone Dampo Awang marang Raden Makhum Ibrahim. “Aku, Nam Biang Song. Wong kang bakal ngajarake Islam ana ing tlatah iki” wangsulane Raden Makhum Ibrahim. “Hahaha......, masarakat ana kene wis dadi duwekku. Ajaranku paling bener lan wis akeh pengikutku” wangsulane Dampo Awang karo gumuyu. “Ananging kuwi ora dadi alangan kanggo aku lan rombongan kanggo ngajarke kabeneran” wangsulan balik Raden Makhum Ibrahim. Amarga masarakat wis pada kena omongan saka Dampo Awang lan pancen wis suwe uga Dampo Awang ana ing tlatah Lasem, akeh masarakat sing luwih milih ajarane Dampo Awang tinimbang Raden Makhum Ibrahim. Kahanan sing kaya ngene dadekake Dampo Awang bunggah lan yakin ajarane bakal awet ana ing tlatah Lasem iki. Ananging ora kentekan akal Raden Makhum Ibrahim anggene ngajarkae Islam ana ing tlatah Lasem iki, dheweke ngajarake Islam nganthi piranthi-piranthi kang ngundang kaendahan. Ngajarake Islam kanthi nggunakake suluk-suluk kang endah yen ditembangake. Masarakat kana uga asring keprungu swara Adzan kang dikumandangake dening Raden Makhum Ibrahim lan gawe sengseme masarakat ana kana. Sithik saya sithik masarakat ana ing tlatah lasem pada kenal lan seneng nyinauni ngenani Islam.
       Mangerteni kahanan kang kaya ngono, gawe nesune Dampo Awang. Dampo Awang mbujuk masarakat menawa ajarane kuwi ajaran kang paling bener, ananging kayata piring kawalik. Saiki masarakat luwih milih ajaran saka Raden Makhum Ibrahim lan rombongan saka Makassar. Dampo Awang pengen ketemu lan duweni kekarepan nyingkirake Raden Makhum Ibrahim saka tanah Lasem. “Raden Makhum Ibrahim ingkang kinurmatan” sapane Dampo Awang marang Raden Makhum Ibrahim, “Ana apa Dampo Awang?” wangsulane Raden Makhum Ibrahim. “Aku jaluk tulung supaya awakku ninggalakake tlatah iki kanthi damai” Dampo Awang mangsuli. “Ora bisa Dampo Awang, wis dadi kuwajibanku ngajarake Islam ana tlatah kene”. Wangsulan Raden Makhum Ibrahim kang kaya ngene gawe getem-geteme Dampo Awang. Tanpa aba-aba Dampo Awang nyerang Raden Makhum Ibrahim, lan nyoba mateni wong kang dianggap mungsuhe kuwi. Perang gedhe kadadeyan ana ing bumi Lasem, amarga Dampo Awang ora bisa nyaingi ilmukang diduweni Raden Makhum Ibrahim dheweke kalah ana perang. Ananging Raden Makhum Ibrahim uga rada parah lan nipakake catu ana ing tanggane.
       Amarga dirasa ora duweni kadigdayan kanggo nglawan Raden Makhum Ibrahim, Dampo Awang banjur balik ana ing Cina. Dampo Awang ora langsung bisa nerima kalahe dheweke saka Raden Makhum Ibrahim. Ing tanah Cina dheweke golek bala bantuan kanggo numpas Raden Makhum Ibrahim anggene ngajarake agama Islam. Ora let suwe, Dampo Awang balik maneh saka Cina mara ing tanah Jwa kanggo nglawan Raden Makhum Ibrahim maneh. Dampo Awang lan rombongane lelunga gawa kapal kang gedhe lan nduweni parabot-parabot kanggo perang kang akeh lan sekirane cukup kanggo numpesake Raden Makhum Ibrahim.
       Perang gedhe kalakon maneh ana ing tlatah Lasem kuwi, Raden Makhum Ibrahim mung bisa ngelus dada lan isgtifar. Mangerteni kahanan kang kaya ngene Dampo Awang wis yakin bisa numpesake Raden Makhum Ibrahim, amarga Raden Makhum Ibrahim ora duweni kapal perang lan mesthi bakal mati yen serbu pasukan kang akehe ora jamak iki. Dampo Awang lan pasukane nyoba nembaki Raden Makhum Ibrahim nganggo peluru kang ana ing kapal. Dikira wis mati, banjur Dampo Awang nydaki Raden Makhum Ibrahim. Gumunake, kuwi kang ana ing pikirane Dampo Awang. Raden Makhum Ibrahim wis kena peluru kang ora ketung jumlahe, ananging dheweke isih ngadek jejek ana sangarepane. Saiki gantian piwalese Raden Makhum Ibrahim marang Dampo Awang. Raden Makhum Ibrahim nyaduk Dampo Awang lan Kapale sakencenge, sanalika iku uga Dampo Awang lan Kapale mlethik mak pletik adoh saka paningalipun Raden Makhum Ibrahim.
      Sakbibare, perang gedhe kuwi Dampo Awang ora tahu mecunggul maneh. Raden Makhum Ibrahim bisa ngajarake Islam kanthi satuhu lan bisa ngadekake pesantren ana ing tanah Lasem kuwi.
       Pungkasane crita, Raden Makhum Ibrahim kasebut Sunan Bonang. Sunan Bonang dikenal ora mung ing tlatah Jawa. Sunan Bonang uga wis dadi tokoh misuwur ing Indonesia.

Narasumber cerita:
1. Mohammad Lazim selaku Juru Kunci Makam Sunan Bonang di Tuban.
2. Nyamini selaku narasumber penduduk kota Rembang.
3. Warga Lasem, Kabupaten Rembang.

No comments:

Post a Comment